“Yusuf satangine turu banjur ngestokake kaya kang didhawuhake dening malaekating Pangeran.” (Ayat 24)”
Saged kawastanan bilih sadaya manungsa punika kagungan pangajeng-ajeng supados gesangipun sarwa tumata kanthi sae. Contonipun rancangan badhe liburan, sowan brayat ingkang dangu mboten kapanggih, babagan tugas lan tanggel-jawab ing papan pandamelan. Sadaya kalawau tamtunipun badhe nuwuhaken kabingahan, nalika saged kalaksanan kanthi sae. Nanging kados pundi menawi sadaya ingkang sampun katata kanthi tliti dumadakan ambyar? “Ngapunten pak, rencana dolan batal awit wonten bab kang mboten saged dipun tilar.” utawi “Bu, rapat maju 3 jam awit wonten prekawis ingkang wigati.”
Mbok bilih ing kahanan ingkang mekaten punika, kita badhe ngraosaken mangkel lan bingung awit sadayanipun ambyar lan lumampah kanthi mboten tumata.